• INI GAMBAR NORAH JONES
    Norah Jones adalah seorang musisi jazz yang sudah banyak mendapatkan Grammy Award

Senin, 18 Juni 2012

Contoh Geguritan



















                GANGSIR
( Kaanggit dening Khoerul Soleh )



Puluh-puluh wis bejamu,anakku
Wengi iki cetha wis ora bisa dirungu
Ngenthire gangsir, ngutaraake lagu bedhamen
Mrucut saka pangimpen

Ing perenge kebonan
Ora luwih mung bisa ditemokake
Swara kemrisike walang kayu
Utawa kucing-kucing playon oyak-oyakan
Ngumbar sawujud nepsu murahan

Ngenthire gangsir wis ora ana, anakku
Saiki wis diganti swarane radhio lan televisi
Saben wektu njereng warta kemuskilan
lan ilange rasa kamanungsan

Puluh-puluh wis bejamu, anakku
Ngenthire gangsir wis ora bisa dirungu
Saiki luwih becik enggal mapan turu wae
Sapa ngerti impen-impen endah mlathi teka lan ngrenggani
Akhire awake dhewe bisa ngoceki werdine jaman sing sanyatane



1 komentar: